Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/154

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
157
  1. Djroning Kur'an nggonira sajekti, nanging ta pilih ingkang uninga, katjaba lawan tuduhé, nora kena dèn awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalandjukan, temah sasar-susur, jèn sira ajun waskita, sampurnané ing badanira puniki, sira anggegurua,
  2. Lamun sira amaguru kaki, amiliha manungsa kang njata, ingkang betjik martabaté, sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang ngirangi, sukur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawèwèhing ljan, iku pantes sira guronana kaki, sartané kawruhana.
  3. Lamun ana wong mitjarèng ngèlmi, tan mupakat lan patang prakara, adja sira agé-agé, anganggep njatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kang patang, prakara rumuhun, Dalil Kadis lan Idjemak, mjang Kijasé papat iku salah sidji, anaa kang mupakat.

IX. Najakawara (K.G. Mangkunagara IV).

Wardining kang wasita djinarwi, wruh ing kukum iku watak-ira, adoh marang kanisṭané, pamitjara puniku, wèh resepé ingkang mijarsi, tata-krama punika, ngedohken panjenḍu, kagunan iku kinarja, ngupaboga déné kalakuan betjik, wèh rahajuning raga.

X. Witaradya (R. Ng. Ranggawarsita). Kinanṭi.

Djagra angkara winangun, sardjana mardjajèng wèsṭi, puwara kasub kuwasa, wasita djro Wéda muni „Sura dira djajaningrat, lebur déning pangastuti".

Ring djanmadi kang winangun, kumenjar wimbaning rawi, prabangkara dumipèng rat, ménang kang sarwa dumadi, ambek santa paramarta, puwara anjakrawati,

XI. Darmalaksita (K. G. Mangkunagara IV).

  1. Rambah malih wasitaning siwi, wikanana patraping agesang, kang kanggo ing salawasé, manising nétra ruruh, angedohken mring salah tampi, wong kang trapsilèng tata, tan agawé rengu, witjara lus kang mardawa, iku ḍatan kasenḍu marang sesami, wong kang rumaket ika.
  2. Karja resep mring réwangé linggih, wong kang manut mring tjaraning bangsa, watek djembar pasabané, wong anḍap-asor iku, jekti oleh panganggep betjik, wong meneng iku njata, nèng djaban pakéwuh, wong prasadja solahira, iku nora gawé éwa kang ningali, wong nganggo tepa-slira.
  3. Angedohken mring dosa sajekti, wong kang ènget iku watekira, adoh marang bilainé, mangkana sulangipun, wong kang amrih hardjaning diri, jéku pangulahira, batin ugeripun, ing lair garbaning basa, jéku aran kalakuan ingkang betjik, margané mring utama.