Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/149

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
152

 djawané bangsa Inḍu. Dadi Resi Abijasa (Wijasa) iku Pudjangga bangsa Inḍu. (*)

  1. Resi Walmiki: Ramajana, abasa Sangsekerta, lumebuné ing tanah Djawa uga bebarengan karo ngadjawané bangsa Inḍu. Resi Walmiki iku uga Pudjangga bangsa Inḍu.
  2. Prabu Darmawangsa-Teguh (Ratu Djawa-Wétan 991 — 1007): ndjarwakaké Mahabarata nganti 9 parwa, jaiku: Adiparwa, Sabaparwa, Wiraṭaparwa, Udjogaparwa, Bismaparwa, Asramawasanaparwa, Mosalaparwa, Prastanikaparwa lan Swargarohanaparwa. (Parwa pérangan). Kadjaba saka iku Sang Prabu ija ndjarwakaké sapérangané buku Ramajana-Walmiki, diarani buku Utarakanḍa.
  3. Empu Kanwa: Ardjunawiwaha (djaman Prb. Erlangga 1019 — 1042), peṭikan saka Mahabarata parwa III (didjarwakaké).
  4. Empu Triguna: Kresnajana (djaman Keḍiri ± 1104), isiné Kresna mbraḍat Dèwi Rukmini.
  5. Empu Manoguna: Sumanasanṭaka (djaman Prb. Warsadjaja Keḍiri 1104), isiné njritakaké lairé Dasarata ing Ajodya.
  6. Empu Sedah: Baratajuda (djaman Prb. Djajabaja Keḍiri 1135 — 1157).
  7. Empu Panuluh: Gatuṭkatjasraja lan Hariwangsa (djaman Prb. Kertadjaja Keḍiri taun 1183).
  8. Empu Darmadja: Smaradahana (djaman Prb. Kameswara Keḍiri 11151130).
  9. Tan Akung: Wretasantjaja lan Lubdaka (djaman Keḍiri wekasan).


B. ING DIAMAN MADJAPAIT.

  1. Empu Prapantja ngarang Nagarakertagama.
  2. Empu Tantular ngarang Ardjunawidjaja lan Sutasoma utawa Purusadasanta.


C. ING DJAMAN ISLAM (Djaman Demak lan Padjang).

  1. Sunan Bonang: Suluk Wudjil.
  2. Sunan Panggung: Suluk Malangsumirang.
  3. Pangéran Karanggajam: Nitisruti.


D. ING DJAMAN MATARAM.

  1. Sultan Agung: Nitipradja, Sastragenḍing.
  2. Pangéran Adilangu: Babad Padjadjaran, Bb. Madjapait, Bb. Padjang, Bb. Mataram.
  3. Tjarik Badjra: Damarwulan (sinawung ing tembang), Babad Kartasura.

(*) Basa Sangsekerta iku basané wong Inḍu ing djaman bijèn. Basané wong Indu ing djaman saiki diarani basa Urḍu.