Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/148

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
151

anudju Dadi, Paningron Sang Hjang Jama, Hidjrah Nabi sèwu, rong atus wandasa gangsal, sinangkalan Wiku Misik Swara Tunggil, nèng barisan Pidjénan.

II. Pangkur. (Kalawarti Surjatjandra 8-1-50, saka S.M.A. Djalan Pakem 2).

  1. Mrababang Surja-mardika, andjrebabak nalikanira terbit, pitulas tanggal Agustrus, Pantja Tjatur Trusing Tyas, keḍap-keḍap pidjer linimput pepeḍut, malah pinaḍet ing méga, kadi wus sirna tan kèksi.
  2. Wantuning Surja wentala, nora kanḍeg déra ndedel manginggil, nrobos nalusupi menḍung, déné praptèng samangkja, pitulikur Ḍésèmber terusing rembug, gapura Mardika menga, sineksèn langit lan bumi.
  3. Mrabangkara léram-léram, sru sumunar ngenguwung manawengi, Surja njata Mardika wus, krana nagri Walanḍa, wus nglenggana rila ngudari tetangsul, tali koloni tinatas, tetep wus sasami-sami.
  4. Mung ana manik samatra, parikudu Irian dén gegegi, marma growah raosipun, Surja masih grahana, genḍong titir kenṭongan pajo sineru, mrih ditya Rau mirisa, temah grahana glis pulih.


  III. Asmaradana. (Tjalon-arang, R. Wiradat).

Ulun pun andjarwa mèri, niti-mangsani panitra, Slasa Pasa ping salawé, Nir Rasaning Pudjanggardja (1860), rinangkep mangsa surja, Pèbruwari ping nemlikur, Muluking Guna Trus Mulja (1930).

   IV. Girisa. (Wulang-rèh, Sinuwun P.B. IV).

Telasing Panuratira, sasi Besar ping sangalas, Akad Kaliwon taun Dal, Tata Guna Swarèng Nata (1735 taun Djawa). Mangsasta winḍu Santjaja, wuku Sungsang kang atampa, ja Allah kang luwih wikan, obah-osiking kawula.

    V. Kinanti. (Panutuping panembrama).

Titi telas tutup atur, malem. Rebo Paing wantji, nḍungkap tanggal tigawelas, Mei ing taun Masèhi, sengkalaning penembrama, Putri Tata Trus Manunggil (1953).


BAB XXI. ASMANÉ PARA PUDJANGGA LAN BUKU-BUKU RERIPTANÉ.

A. ING DJAMAN INḌU (Sadurungé djaman Madjapait).

  1. Resi Abijasa: Mahabarata utawa Asṭadasaparwa, abasa Sangsekerta, anané ing tanah Djawa bebarengan karo nga-