Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/147

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
150
  1. Boma Sonja Paksa Muksa = 200. Sri Maha Radja Sakra. Ratu ing Menḍanggana adjedjuluk Sri Maha Radja Surapati.
  2. Kalima Muksa Kapaksa = 205. Nagara Menḍanggana diganti aran Suralaja lan Sri Maha Radja Surapati adjedjuluk Sang Hjang Surapati.
  3. Obal Asta Kalih = 226. Sang Hjang Surapati jasa Kahjangan pineṭa Tédjamaja.
  4. Penḍita Paksa Sinembah = 227. Sang Hjang Surapati jasa Kahjangan rinéka Argadumilah ing Papardjawarna.
  5. Tunggal Gunaning Panembah = 231. Kahjangané Sang Hjang Surapati ing Tédjamaja rinengga sarwa putih, Argadumilah sarwa kuning, Djonggringslaka sarwa abang, Papardjawarna sarwa ireng.
  6. Ojagé Wédḍa Kapaksa = 236. Sang Hjang Surapati jasa taru sakembaran winangun kaju Déwandaru lan Djajandaru, kaprenah ing madyaning Papardjawarna.
  7. Swara Tri ing Karna = 237. Sang Hjang Surapati jasa Maharpatan winangun Martjukunḍa lan Marakaṭa.
  8. Naga Katingal Bodja = 238. Sang Hjang Surapati jasa Nadisara, jaiku bangawan ngubengi Maharpatan.
  9. Wiwara Katon Kembar = 239. Sang Hjang Surapati jasa Bukur Pangarip-arip winangun kori Sélamatangkep, dumunung nèng tepining Nadisara.
  10. Wédang Dadi Sikara = 244. Sang Hjang Surapati jasa Manipapa nulad enḍut Balegdaba (kawah Tjandradimuka).
  11. Marga Joganing Suku = 245. Sang Hjang Surapati jasa sumur Golang-galing winangun wod Ogal-agil.
  12. Warna Ngobahaké Nétra = 264. Kaéndran ketiban Mulat, jaiku tjahja pinḍa sesotya adi, pinudja déning para Djawata dadi widadari 7, jaiku: Supraba, Wilutama, Warsiki, Suréndra, Gagarmajang, Irim-irim, Tundjungbiru.
  13. Swara Muni ing Talingan = 277. Sang Hjang Surapati pinaringan gamelan Lokananta saka ḍawuhé Baṭara Guru.


SENGKALAN DUMUNUNG ING TEMBANG.

Reriptan kang sinawung ing tembang, aran lumrah manawa tjatjahing taun pangriptané pinèngetan nganggo sengkalan. Tjatjahing taun mau tarkaḍang rinangkep, pinèngetan nganggo angka lan uga nganggo sengkalan, Malah sengkalané tarkaḍang uga rangkep. Tjandra-sengkala lan Surja-sengkala.

Tulaḍa sengkalan dumunung ing tembang :

I. Ḍanḍanggula. (Ardjunasasrabau, R. Ng. Sindusastra). Rebo Epon panitraning manis, Djumadilawal Djimawal warsa, éndjang ping wolulikuré, Kanem ing Djulungpudjut, Sritumurun