Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/122

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

125

  1. Sakaṭahing Wali-kutup, Ulama mjang para Mukmin, samja angreksa ki djabang, mila tebih ing sesakit, sirna larané ki djabang, walagang slamet ki baji.
V. Pangkur.
Kanggo nunggu wong lara.
  1. Singgah-singgah kala singgah, pan suminggah durgakala sumingkir, singa ama sing awulu, sing asuku asirah, sing atenggak lawan kala sing abuntut, pada sira suminggaha, muliha mring asalnèki.
  2. Ana kanung saka wétan, nunggang gadjah telalé elar singgih, kulahu barang balikul, sétan lan brekasakan, amuliha mring tawang-tuwang pradjamu, iblisé jwa kari pisan, kulhu balik bolak-balik.
  3. Ambalik marang awaknja, mbalik marang djasadira pribadi, mbalik karsané Hjang Agung, tamat pasinggah sétan, tulak sarap samangkja gantya winuwus, arané sarap dèn utjap, sagung pra nupiksa sami.
  4. Arané sarap kang lanang, Kulhuputih kang wadon Kulhukuning, jwa purun sudi maring sun, jwa marang kaki djabang, sarap-wangké sarap-wédang sarap-awu, paḍa sira suminggaha, muliha mring asalnèki.
  5. Samja gègèr sétan wétan, anrus djagad kulon plajuning ḍemit, kang tengah Baṭara Guru, tinutup Nabi Sléman, iblis-sétan brekasakan adjur-luluh, ki djabang-baji wus mulja, liwat Siratolmustakim.
VI. Adji-sirep-bégananda.

Hong ilahèng!

Nijatingsun matak-adjiku, adji-sirep Bégananda, adji Patinggengan saka Adjisaka. Sing sapa ketiban, djim-sétan periprajangan paḍa mati. Adja manèh asipat djanma-manungsa, oraa mati amblek-sek turuné kaja mati; ora pisan-pisan tangi, jèn aku durung ..... (Isiné manut kang sinedya).

VII. Adji-adji Wringinsungsang. Durma.

1. Wringinsungsang wajahira tumaruna, ngaubi awak mami, tur tinut ing bala, pinatjak-sudji kembar, pepitu djadjar ma- ripit, asri jen sijang, angker kalané wengi.

2. Duk samana akempel kumpuling rasa, nétraku dadi di- ngin, nétraningsun emas, peputihé mutyara, reng-irengé wesi manik, tjeploking nétra, waliker uda-ratih.