Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/108

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 2. Ki Sukarsa wus alajar. ing sakaṭahing sagara, margané tekèng makripat, tanpa étang urip-pedjah. Damaré murub tan pedjah, panganggo mulja tan rusak, asangu tan kena telas, angungsi ing désa djembar.
 3. Ki Sukarsa dènnja lajar, parau sabar-darana, salat mangka tiangira, kinamuḍèn pangawikan. Linjaran amangun hak, winelahan nijat donga, dèn satangi aneneḍa, dèn pulangi lawan tobat.
 4. Dèn labuhi sukurullah, dèn talèni lan kana-'at, dèn pulangi lan witjara, dèn damari lan makripat. Ki Sukarsa dannja lajar, wus tekèng sagara rachmat, kawasa dènira lajar, wus tekèng Sagara "Ora".

II. Suluk Wudjil: Ḍanḍanggula.

 1. Dipun weruh ing urip sadjati, lir kurungan reraga sadaja, betjik dèn wruhi manuké, rusak jèn sira tan wruh, hèh ra Wudjil salakunèki, iku mangsa, dadia, jèn sira jun weruh, betjikana kak sarira, awismaa ing enggon punang asepi, sampun katjakrabawa.
 2. Adja doh déra ngulati kawi, kawi iku njata ing sarira, punang rat wus anèng kéné, kang minangka pandulu, tresna djati sariranèki, sijang-dalu dèn awas, pandulunirèku, punapa rekèh pratjihna, kang njatèng sarira sakabèhé iki, saking sipat pakarja.
 3. Mapan rusak sadjatinirèki, dadiné lawan kaarsanira, kang tan rusak dèn wruh mangké, sampurnaning pandulu, kang tan rusak anané iki, minangka tuduhing Hjang, sing wruh ing Hjang iku, mangka sembah pudjinira, mapan awis kang wruha udjar Puniki, dahat sipi nugraha.

III. Suluk Malang-Sumirang: Ḍanḍangggula.

 1. Dosa agung-alit dèn singgahi, udjar kupur-kapir kang dèn ambah, wus liwung pasikepané, tan andulu dinulu, tan angrasa tan angrasani, wus tan ana pinaran, pan djatining suwung, ing Suwungé iku ana, ing anané iku surasa sadjati, wus tan ana rinasan.
 2. Pan dudu rasa karasèng laṭi, dudu rasaning apapa lawan, dudu rasa Kang ginawé, dudu rasaning guju, dudu rasa kang angrasani, rasa dudu rerasan, kang rasa amengku, sakèhing rasa-karasa, raga-djati tan karasa djiwa-djisim, rasa mulja wisesa.