Kaca iki wis divalidasi
11
- Sarung djagung, bobot-timbang ana ing aku ḍéwé.(Klobot).
- Balung djanur, muga-muga sida temenan. (Sada).
- Kantjing gelung tibèng ḍaḍa; tjoba titènana! (Peniti).
- Balung djagung lo, sampun ketanggelan. (Djanggel).
- Wong iku sing dadi rak kawiné mbako, njatané. (Sata).
- Sanès. balung klapa lo, boten namung éṭok-éṭokan. (Batok).
- Nguler-kambang lo, alon-alonan baé. (Lintah, satitahé, ora ngaja, alon).
- Kembang kopi; wong iku jèn mblanggrèng pantjèn angèl ladén-ladénané. (Blanggrèng)
- Pindang lulang, katjèk apa aku karo wong lija. (Krètjèk).
- O hla, pipa Landa; ngono wé kok bandjur nepsu. (Ontjowé),
- Pring ḍèmpèt sunduk saté; bésuk; manèh jèn. nedya kanḍa, warna-warna, prajoga ketemu idjèn baé, (Anḍa, sudjèn).
- Wilangan wolu lan loro; puluh-puluh wis kebandjur, kaprijé manèh. (Sapuluh).
II. Wangsalan padinan tanpa njebutaké batangané.
- Wé hla, ndjanur gunung temen; ésuk-ésuk djaré wis mlaku-mlaku. Arèn, kadingarèn.
- Mung kapéngin nggenṭa dara. Sawangan, njawang.
- Hla kok éman temen, enom-enom djaré ndjangan gori. Guḍeg, buḍeg.
- Pak Guru bareng ngagem ageman. tjara Djawa bandjur manḍan rawa. Wlingi, manglingi.
- Ngretia bakal ngrokok tjenḍak, rak ora dakkanḍani. Tegesan, neges-neges.
- Djenang gula, lo. Glali, maksudé: adja lali.
- Dupèhané kuwasa baé; ngunèni wong kok olèhé nganak tjetjak. Sawijah, sawijah-wijah.
- Hara ta; bareng krungu tembang Djawa, kang ora bléro larasé, ora tjitjir tjakepané, trep paṭeté tur éndah tjéngkoké, rak bandjur ngembang durèn temenan, Dlongop, ndlongop.
- Kuṭa Guḍeg iku kasebut kuṭa telenging „perdjuangan” bangsa Indonésia. Kuṭa kang misuwur énak banget guḍegé, jaiku kuṭa Jogjakarta.
- Pak Guru lagi baé mentas kondur saka kuṭa Bengawan; malah durung lukar ageman. Arané kuṭa sing paḍa karo arané bengawan, jaiku kuṭa Sala.