7
sampoen-sampoen poenika, kekațahen woelangan ingkang namoeng dipoenapalaken noeroet oengeling serat kémawon. Tanḍanipoen, menawi laré-laré namoeng kapoerih sageda ngertos dateng isining woelangan kémawon, ladjeng sok boten saged njilah-njilah, poendi ingkang wos, poendi ingkang boten patos preloe. Ingkang poenika, pitakèn golongan ingkang angka kalih waoe, kadjeng koela, kanggé maḍangaken èngetanipoen laré dateng silahing prakawis ingkang preloe kalijan ingkang boten patos preloe poenika waoe.
Ing ngadjeng koela sampoen pratéla, jèn ing serat poenika, bab ngèlmoe boemi, koela angkah sagedipoen gandeng kalijan bab tetanèn. Toemrapipoen tanah Djawi, prakawis poenika kados sampoen boten preloe koela pratélakaken djalaranipoen. Déné patraping pangganḍèng koela, inggih badé saged tjeta pijambak saking isining serat poenika.
Serat poenika pantjèn koela oedi moerih ringkesipoen sarta namoeng isi ingkang preloe-preloe kémawon. Pengraos koela, serat ingkang kanggé sinaoe poenika, jèn nijatipoen katjepengaken dateng laré, kedah tjekak aos. Pengadjeng-adjeng koela, para goeroe anggènipoen moelangaken, sageda ingkang njenengaken. Woelangan ing ngriki poenika sageda namoeng dados ringkesaning woelanganipoen goeroe. Dados piwoelang waoe kedah karembag roemijin ingkang tjeța sanget kalijan moerid-moerid.