6
koela soekani pitakènan kalih golongan. Ingkang sagolongan, wangsoelanipoen kénging dipoensinaoe saking serat. Ingkang sagolongan kanggé nggegoelang oetawi nggoegah angen-angen. Paédahipoen pitakèn kalih golongan waoe taksih wonten malih; mangké badé koela pratélakaken.
Wondéné pitakèn ingkang roemijin poenika waoe. laré-laré sagedipoen mangsoeli namoeng saking taberinipoen anggenipoen sinaoe kémawon. Pramila inggih kénging kawastanan kanggé nantjebaken kawroeh.
Pitakèn golongan ingkang kaping kalih, kedjawi kanggé ngoelinakaken bab oekoer-oekoeran, inggih kanggé nggoegah angen-angen. Menawi sampoen soemerep salah satoenggaling kawroeh, sageda mandjang-mandjangaken nalaripoen; sageda nggondang-nggandèng, moerih gesang nalaripoen. Laré-laré poenika adatipoen, menawi dipoenwoelang poenapa-poenapa jèn kénginga mekaten, sageda namoeng kantoen nirokaken kémawon; wegah jèn kapoerih memikir pijambak. La kadjeng koela, sampoen ngantos nenoeman ingkang mekaten poenika. Sanadjan boten kantoen nirokaken, inggih sageda sarana memanah pijambak, mawi waton poenapa-poenapa ingkang sampoen dipoensoemerepi.
Dados pitakèn golongan ingkang angka kalih poenika, wangsoelinipoen boten preloe kaapalaken. Bibar kanggé, kénging kémawon ladjeng boten dipoenènget- ènget.
Anggèn koela njilah pitakèn kalih golongon waoe, pangangkah koela moerih sampoen ngantos katah- katah woelangan ingkang namoeng katirokaken kémawon dateng moerid-moerid. Saleresipoen, ingkang