Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/74

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

72

gonan sing hawané aḍem kepénak. 14. Seboetna arané negara sing sanding pesisir lor. 15. Sing ana ing pesisir kidoel negara endi? 16. Jèn ana ing pesisir ikoe adem apa panas? 17. Ing ngendi sing banjoené sok ndjenḍel marga ademé? 18. Tjoba goenoeng sing wis kosinaoe aranana kabèh, wiwit saka koelon mengétan. 19. Apa sing marakaké, déné goenoeng sing metoe geniné ikoe, kok sok gawé pitoena akèh banget? 20. Ananging ija ndadèkaké elohé tanah-tanah. Apané sing marakaké? 21. Ana tandoeran teloeng roepa sing bisané oerip apik, jèn ditandoer ana ing tanah pegoenoengan. Apa djenengé? 22. La sing bisané oerip apik, jèn ditandoer ana ing tanah ngaré, apa? 23. Ing paresiḍènan Rembang akèh alasé apa? 24. Alas-alas maoe sapa sing doewé? 25. Sing ngedol kajoené Kangdjeng Goepermèn. Apa manèh sing diedol Kangdjeng Goepermèn? 26. Pinangkané saka ngendi? 27. Madoera ikoe apané manèh sing diedol mrana-mrana? 28. Généja Madoera ikoe kok kedjogan beras saka kana-kana? 29. Ngaranana djenengé negara-negara ing Madoera. 30. Aranana djenengé kali-kali ing tanah Djawa, sing wis koapalaké. 31. Kali ikoe sok agawé pitoena. Ikoe jèn mbeneri keprijé? 32. Tandoeran apa sing ora bisa oerip, jèn ora oleh banjoe kali? 33. Keprijé olèhé ngilèkaké menjang sawah oetawa pategalan? 34. Généja banjoe kali ikoe jèn ora digodog, kok marakaké ora. apik jèn diombé. 35. Tanah Djawa ikoe kena diprintji dadi patang pérangan. Keprijé olèhé mrintji-mrintji? 36. Tjoba aranana djenengé negara-negara lan paggonan sing ana ing sawidji-widjining pérangan maoe.