Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/72

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

70

Wong boemi mèh kabèh agamané Islam. Bijèn agamané noeroet wong Hindoe. Ikoe ketitik saka tjandi-tjandi sepirang-pirang. Saiki moeng kari tilas baé. Tjandi sing betjik déwé: Tjandi Baraboedoer. Panggonané tjeḍak Moențilan, sanding kali Praga. Kedjaba ikoe: Tjandi Prambanan, Tj. Sèwoe; karo-karoné ana ing Prambanan sanding kali Opak. Ana manèh Tj. Bima ing poetjaking goenoeng Dijèng. Tj. Penataran, saloré Blitar.

Wong boemi ikoe, sing akèh: tani; sarta ana sing dadi toekang, dadi bakoel oetawa soedagar tjilik-tjilik, dadi prijaji, dadi batoer oetawa djongos. Tjina ikoe sing akèh dadi toekang oetawa soedagar. Wong Arab, wong Keling, wong Djepang pada dadi soedagar. Landa, sing akèh dadi prijaji; sing njamboet gawé ana ing kaboedidajan ija kaleboe akèh.

A. 1. Wong Djawa ing tanah Djawa-Wétan ikoe, jèn goeneman tjara apa? La wong Djawa-Tengah? Wong Djawa-Koelon? 2. Watesé tanah sing wongé goenemé tjara Djawa karo sing tjara Soenda kali apa? 3. Kedjaba ikoe wong boemi, sing akèh, bisa tjara apa? 4. Wong Éropa, jèn goeneman karo wong Keling tjara apa? 5. Wong sing manggon ing tanah. Djawa ikoe, sing akèh, bangsa apa? 6. Tjoba kanḍakna, wong sing manggon ing Tanah Djawa ikoe sidji-sidjiné bangsa, pangoepadjiwané apa? 7. Wongé boemi ing tanah Djawa ikoe saiki agamané apa? 8. Tjandi sing apik-apik ikoe paggonané ngendi?

B. 1. Tjoba kanḍakna, wongé ing sidji-sidjiné paresidènan, goenemé tjara apa. 2. Wong Eropa sing