68
ikoe jèn gawé oejah mangsa apa? 7. Ing Pekalongan oepamané, généja kok ora ana wong gawé oejah?
B. 1. Jèn ngirimaké oejah saka Madoera menjang satalatahé tanah Indija iki diemot apa? 2. Ing pasar ija ana wong adol oejah. Généja regané kok ora moerah kaja ing goeḍang? 3. Sing ngoewasani goedang oejah ikoe prijaji Goepermèn apa bangsa partikelir? 4. Tjoba tjritakna, keprijé lakoené oejah ikoe saka ing wiwit-wiwitané, nganti tekané ing omahmoe. 5. Généja, gawé oejah ikoe kok ora ing mangsa rendeng? 6. Jèn ngarepaké segara soeroet, généja dalané banjoe sing menjang bloembangan, kok dipepeti?
Wong sing manggon ing tanah Djawa ikoe sing akèh wong boemi. Ing tanah Djawa-Koelon, wongé bangsa Soenda; ing sawétané kali Tji Tandoej bangsa Djawa; ing Madoera lan ing Djawa-Wétan bangsa Madoera. Kedjaba ikoe ana Tjina, wong Éropa, Arab, Keling, Djepang. Wong Mlajoe saka tanah Soematra ija ana.
Bangsa-bangsa maoe temboengé déwé-déwé. Wong Soenda tjara Soenda. Wong Djawa tjara Djawa. Wong Madoera tjara Madoera. Jèn ana wong loro sédjé bangsa arep goeneman, goenemé tjara Mlajoe. Wong sabrang jèn goeneman karo wong boemi, adaté ija tjara Mlajoe. Wong désa ikoe akèh sing ora bisa tjara Mlajoe. Saiki akèh wong Djawa lan Tjina sing bisa tjara Landa.