Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

5

kang madosi gadjah boten saged kepanggih; margi, soemerep soekoening gadjah dipoen kinten saka; soemerep koepingipoen, dipoenkinten lajar; dados boten saged soemerep dateng glegering gadjah. Wondéné bab pérang-péranganipoen tanah Djawi, inggih koela tjarijosaken; namoeng boten dados 16 paresiḍènan; pamérang koela namoeng mitoeroet kawontenanipoen pasitèn. Sarta malih jèn mitoeroet lampahing woelangan ing serat poenika, laré-laré anggènipoen ngangen-angen tanah Djawi, tansah dados satoenggal kémawon. Sanadjan pamoelangipoen dipoenpetjak-petjak, angen-angen waoe meksa boten saged éwah. Poenapa malih pitakèn-pitakèn ingkang kanggé mangsoeli (mbalèni) woelangan, inggih nggosokaken dateng toewoehing angen-angen ingkang mekaten waoe.

Sapoenika bab anggèn koela ngoedi, moerih laré-laré sami poeroena mresoedi kawroeh pijambak, badé koela djlèntrèhaken.

Ing ngadjeng koela sampoen tjarijos, jèn bab kepeksanipoen ngoekoeri tebih tjelaking panggènan poenika, preloenipoen moerih sagedipoen damang. Kedjawi poenika inggih moerih soepados laré poeroena mresoedi pijambak. Nanging taksih wonten malih rékanipoen, soepados laré-laré koelina mresoedi. Woelangan ngèlmoe boemi ingkang sampoen-sampoen poenika, sajektosipoen, goeroe kekațahen angènipoen ngesokaken woelangan; kekațahen anggènipoen noentoeni; laré-laré prasasat namoeng kantoen nirokaken kémawon. Dados angen-angenipoen prasasat keladjeng loempoeh; kedah neḍa génḍong kémawon. Pramila ing serat poenika, saben woelangan, ing nganḍapipoen