67
Jèn banjoe segara diwaḍahi ing piring, bandjoer dipépé, soewé-soewé asat, marga ngoewab. Ing piring maoe bandjoer katon ana oejahé tipis.
Ing Madoera, akèh banjoe segara sing dipépé mengkono ikoe. Nanging ora diwaḍahi piring; wadahé bloembangan tjetèk-tjetèk, nanging amba. Panggonané sanding pesisir. Olèhé ngedjogi, banjoené diilèkaké metoe ing kalènan. Jèn segarané mbeneri rob, kalèn maoe kilènan banjoe. Jèn bloembangané wis kebak, dalané banjoe dipepeti. Dadi jèn segarané soeroet, banjoené ora bali menjang segara. Jèn rendeng ora gawé oejah.
Wong-wong Madoera sing pada gawé oejah ikoe, oejahé koedoe diedol menjang Kangdjeng Goepermèn kabèh. Ing Madoera ana pabriké oejah loro, kagoeng- ané Kangdjeng Goepermèn. Ana ing pabrik kono, oejah tamper olèhé toekoe ikoe maoe, ditjitaki kaja bata. Oejah bata maoe bandjoer diedol menjang satalatahé kapoeloan Indija kéné kabèh. Jèn wong arep toekoe oejah, bisa toekoe menjang goeḍang Goepermèn. Sabata regané 8 sèn, boboté sekati.
Pantjèné mono oeroet pesisir ikoe, wong-wong ja bisa gawé oejah, nanging ora kena. Sing kena moeng ing Madoera baé.
A. 1. Ngendi sing adol oejah bata? 2. Sabata pira boboté? 3. La regané pira? 4. Oejah bata ikoe saka ngendi? 5. Sing digawé apa? 6. Wong Madoera