65
wité dibelèki koelité; bandjoer metoe tloetoehé poetih. Tloetoeh maoe ditadahi nganggo tjangkiran. Soewé-soewé bandjoer kentel. Ana ing pabrik diolah; digawé karèt roepa-roepa.
Karèt sing didol menjang tanah sabrang ikoe, sing akèh, ditjitaki blébékan. Baliné saka tanah sabrang wis roepa blengker roda motor, blengker sepéda, karèt sing dianggo ngoelapi toelisan potelot, kanggo tlapakan sepatoe lan lija-lijané. Ing Bandoeng ija ana pabrik sing gawé barang karèt roepa-roepa.
A. 1. Karèt ikoe pinangkané saka ngendi? 2. Jèu lagi metoe saka ing oewit, roepané keprijé? 3. Lawas-lawas keprijé roepané? 4. Karèt sing diedol menjang tanah sabrang ikoe keprijé roepané (dapoeré)? 5. Karèt ing tanah Djawa ikoe apa diedol menjang tanah sabrang kabèh? 6. Karèt sing isih bakal ikoe kena digawé apa? 7. Ing tanah Djawa kéné sing ana pabriké kanggo gawé bekakas karèt, ing ngendi?
B. 1. Généja karèt ikoe saiki kok akèh temen kanggoné, ngoengkoeli dèk bijèn-bijèn? 2. Pametoené tanah Djawa kéné sing diparakaké menjang negara Landa, ana manèh sing baliné mréné salin roepa. Ikoe apa? 3. Pametoené karèt tanah Djawa-Wétan ikoe disiké digawa menjang negara pedagangan endi ? 4. Karèt pametoené tanah Prijangan, sing akèh menjang endi parané?
V. REIJEN karo V. DICK, Ngèlmoe Boemi.
5