Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/65

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

63

siré segara kidoel ikoe dohé sepira? 4. Banjoewangi ikoe ana ing sa.....é Malang. 5. Prabalingga ikoe ana ing sa....é Soerabaja. 6. Beras karo djagoeng moerah endi?


30. Amèk iwak.

Ing pesisiré segara Djawa ikoe akèh désa sing wongé pada nggaota amèk iwak. Pirantiné amèk iwak maoe djala, djaring oetawa pajang, ora sepiraa gedéné. Jen pirantiné moeng djala oetawa djaring baé, olèhé amèk iwak moeng ana ing pinggir; jèn pajang rada menengah, nganggo noenggang praoe tjilik-tjilik. Oleh-olehané iwak salong diedol menjang negara-negara sing adoh karo segara.

Iwak anjaran ikoe énggal boetoek. Moelané sing akèh dioejahi, bandjoer diepé oetawa digarang; ana manèh sing dipindang.

Ing tanah pesisir ija akèh wong gawé trasi, petis lan kroepoek oerang.

Toekang amèk iwak ikoe sing akèh pada mlarat- mlarat.

A. 1. Toekang amèk iwak ikoe apa mesti pada doewé praoe? 2. La jèn ora doewé praoe, olèhé amèk iwak ana ing ngendi? 3. Soepaja iwaké adja boetoek, dikapakaké? 4. Ing Bandoeng ija ana wong adol iwak anjaran. Koewi iwak saka ngendi? 5. Trasi, petis, kroepoek oerang, ikoe olèhé gawé ana ngendi?