Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/64

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

62

Goenoeng Semèroe ikoe pada-pada goenoeng ing tanah Djawa, doewoer déwé.

Tanah Djawa-Wétan ikoe, sing ngaré, akèh tandoerané pari lan teboe, kaja déné ing tanah ngaré lija-lijané. Ing tanah Djawa-Wétan kono, kedjaba ikoe, ija akèh tandoerané djagoeng. Pemetoené salong diedol menjang Madoera. Wong Madoera ing Djawa-Wétan lan ing poelo Madoera dojanané djagoeng, prasasat dadi segané.

Sanding Djember lan Bondawasa akèh tandoeran tembako; pada didoli menjang Éropa.

Ing pèrènging goenoeng, akèh tandoerané kopi lan karèt, doewèké kaboedidajan oetawa presil.

A. 1. Negara-negara ing tanah Djawa-Wétan sing ngongkang segara, endi? 2. La sing adoh segara endi? 3. Apa, pametoené tanah Djawa-Wétan sing saka woeloe wetoening palemahan? 4. Tanah pegoenoengan endi manèh sing akèh tandoerané kopi? 5. Wong endi sing dojanané djagoeng? 6. Pametoené tanah Djawa-Wétan sing didol menjang tanah Éropa, apa? 7. Goenoeng endi sing ana ing tanah Djawa-Wétan. 8. Ing tanah Djawa, goenoeng endi sing doewoer déwé? 9. Goenoeng sing ana ing wétan déwé, goenoeng endi? 10. Goenoeng ing tanah Djawa, sing tjeḍak déwé karo pesisir koelon, goenoeng endi?

B. 1. Pametoené tanah Djawa-Wétan ikoe digawa menjang negara pedagangan endi ḍisik? 2. Ing pèrènging goenoeng Semèroe lan Jang akèh tandoerané tembako, kaja ing tanah Djawa tengah ing pèrènging goenoeng. 3. Saka Prabalingga menjang pesi