Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/63

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

61

tanah ngaré, apa apik oeripé? 19. Ngaranana tanah-tanah sing akèh tandoerané teboe. 20. Tandoeran teboe ikoe dojan banjoe banget. Mara pratélakna, keprijé olèhé ngontjori banjoe tegal teboe ikoe. (Ben- doengan, wangan.) 21. Tandoeran apa manèh sing ija dojan banjoe banget? 22. Endi sing akèh tandoerané tembako? 23. Soesoekan ikoe apa paédahé? 24. Soepaja pedésan adja nganti kebandjiran, keprijé manèh rékané? 25. Ana kali 5 sing moewarané ana ing segara Djawa; kowé wis weroeh djenengé. Mara seboetna. Sing woetah ing segara Indija loro; djenengé : 26. Tjoba saiki seboetna djenengé goenoeng- goenoeng sing wis kosinaoe; wiwitana saka wétan. Ing tanah Djawa sing amba, goenoengé: K..., W.... L..., M..., M....; ing tembing lor ana goenoeng Moe.... Ing tanah Djawa sing tjijoet goenoengé: Soe..., Si...., D...., Sl... Ing tanah Djawa-Koelon: Tj... Goe..., M...., T..., P... G..... Ka... 27. Jen wong leloengan saka Soerabaja menjang Sérang, metoe Tjepoe lan Tegal, keprijé lakoené? 28. Baliné metoe Bandoeng lan Madijoen; tjritakna. .....

29. Tanah Djawa sing tembing wétan.

Iki golèkana ing gambar; bandjoer apalna:

Negara pitoe: Pasoeroean, Prabalingga, Djember, Bondawasa, Banjoewangi, Sitoebonda, Loemadjang.

Goenoeng sawetara: Semèroe, Ardjoena, Tengger, Jang, Idjèn.