60
2. Sanding Magelang ija ana tandoeran kopi. Koewi menjang endi parané? 3. La kopi ing tanah Prijangan, menjang endi? 4. Ngoendoeh kopi ikoe abot apa ora?
A. 1. Negara sing ngongkang ing segara Djawa, oetawa ora adoh saka segara: Soer.... Gr...., T...., R..., Dj..., Sem... Sem...., P...., T..., Tj..., Bet.... 2. Ana negara oetawa panggonan 9 sing hawané adem; kowé wis weroeh djenengé: B..., S... Tj..., G..., T..., Ma..., Ma...., Sa...., Wa.... 3. Ing tanah Djawa ana negara 6 sing gedé-gedé. Endi? 4. Negara pedagangan sing gedé déwé endi? 5. Woeloe wetoené tanah Djawa apa sing dikirimaké menjang tanah sabrang? La sing ditekakaké saka tanah sabrang (mréné), apa? 6. Sing akèh wongé gawé djarit ikoe ing ngendi? 7. Malam sing dianggo mbatik ikoe pinangkané saka ngendi? 8. Lenga patralijoen ikoe kena digawé apa manèh? 9. Pabrik lenga patralijoen ikoe ngendi panggonané? 10. Sanding kono akèh alasé apa? 11. Paresidènan endi manèh sing akèh alasé djati? 12. Apa manèh pametoené paresiḍènan ikoe? 13. Koeţa Madijoen ikoe ana ing tanah ngaré apa ana ing pegoenoengan? 14. Endi tanah ngaré lijané sing mèmper tanah Madijoen? 15. Negara ing Djawa-Wétan, endi sing ana ing tanah pegoenoengan. 16. Tanah maoe pametoené apa? 17. Tandoeran sing bisané oerip apik moeng ana ing tanah pegoenoengan waé, tandoeran apa? 18. Teboe ikoe jèn ana ing