58
preloe diontjori banjoe ikoe tandoeran apa? 5. Ngaranana tandoeran sing ora preloe diontjori banjoe saka ing kali. 6. Wadoek ikoe olèhé ngisèni jèn wajah apa? 7. Kanggoné banjoe jèn wajah apa?
Pèrènging goenoeng ikoe sing akèh kebak alas. Salong dibabadi, digawé kebon kopi.
Tandoeran kopi ikoe bisané betjik moeng jèn ana ing tanah pegoenoengan. Wiwitané diḍeder disik widjiné. Jèn wis rada gedé ditoetoehi, diarah adja nganti bisa ḍoewoer-doewoer; adja nganti loewih saka sadedeg sapengawé. Jèn wis oemoer 5 taoen wiwit awoh. Kembangé poetih mblanggreng, amboené sedep. Wohé jèn wis mateng-mateng, roepané abang toewa iteng-iteng. Nanging moeng koelité waé sing roepané mengkono. Déné isiné ing djero (sok loro sok sidji) roepané mèmper katjang tjina, nanging atos. Sarèhné tandoeran kopi ikoe ora wani panas banget-banget, moelané ing sela-selané wit kopi ditandoeri wit daḍap. Preloené dianggo ijoeb-ijoeb sawetara.
Kopi ikoe jèn mangsa marèng (ngarepaké ketiga) dioendoehi. Sing ngoenḍoehi adaté wong wadon. Diwaḍahi ing rindjing oetawa senik, bandjoer digawa menjang pabrik. Jèn wis garing, sing akèh diedol menjang tanah sabrang. Jèn arep digawé wédang boeboek, digorèng disik sarta diḍeplok lemboet.
A. 1. Kopi ikoe pengoendoehé jèn mangsa apa?