4
Dados kangèlanipoen prasasat itjal moespra kémawon. Éwa déné katah-katahing tijang, wonten ingkang witjanten mekaten: Jèn akèh sing diapalaké koewi, senadjan salong ilang, korèd-korèdané rak ja isih ana klaproet-klaproet." Pantjèn kasinggihan. Namoeng, koewatos koela, ingkang kantoen poenika gèk namoeng ingkang anggrah-anggrah kémawon; ingkang preloe- preloe laroet sedaja.
Pramila poenika koela damelaken serat, ingkang isinipoen namoeng ingkang preloe-preloe sanget kémawon; pangangkah koela, sampoen ngantos katah-katah ingkang itjal, toer ingkang kantoen poenika meksa wos-wos sedaja, boten wonten ingkang anggrah-anggrah. Adatipoen, jèn sakeḍik apal-apalanipoen, èngetipoen saged mantjeb sajektos.
Wondéné moerih laré-laré saged damang dateng dapoering gambar, lampah-lampahing woelangan ing serat poenika, ingkang koela anggé srana. Kedjawi poenika wonten pitakènipoen, ingkang prasasat meksa dateng laré, soepados sami ngoekoeri tebih tjelaking panggènan, oetawi njoemerepi dateng enering margi toewin lèpèn sarta sapanoenggilanipoen; poenapa malih bab papan prenahing panggènan, jèn dipoenwastani saking panggènan sanèsipoen.
Pramila laré-laré ladjeng kepeksa saged oetawi ngertos dateng tjaraning maos atlas oetawi kar.
Pemanggih koela, manawi anggenipoen moelang sakaresidènan-sakaresidènan, angèl sanget sagedipoen mantjeb sajektos, sabab, manawi mekaten poenika, tanah Djawi ladjeng aḍapoer petil-petil; laré-laré ladjeng pangling, kados tjarijosipoen djingklong ing