Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/59

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

57

26. Ngoenggahaké banjoe menjang pesawahan.

Tandoeran pari, teboe, tembako, djagoeng lan sapanoenggalané ikoe ndjaloek banjoe akèh. Terkadang banjoe oedan waé ija wis njoekoepi. Ananging jèn mangsa ketiga, sok nganti pirang-pirang sasi ora ana oedan, moelané palemahané koedoe diilèni banjoe. Digawèkaké soesoekan saka ing kali menjang pesawahan. Banjoené bandjoer diilèkaké menjang sawah. Banjoe kali, jèn ora diréka, ora gelem moenggah déwé manjang soesoekan maoe. Koedoe digawèkaké bendoengan barang. Saoepama kaliné mili mengidoel! Jèn wis digawèkaké bendoengan, banjoené bandjoer moenggah ana ing saeloré bendoengan. Moerih banjoené gelem mili menjang soesoekan, bendoengané koedoe doewoer. Adja kalah doewoer karo ḍasaring soesoekan; malah koedoe ngoengkoeli. Wong tani adaté ija sok gawé bendoengan déwé nanging gawéané ora pati sentosa. Moelané Kangdjeng Goepermèn dawoeh nggawèkaké bendoengan pirang-pirang sing rosa-rosa. Sing digawé: bata oetawa watoe dilépa bagoes.

Sawah sing olèh banjoe saka ing waḍoek ija pirang-pirang. Jèn bengi waḍoek maoe dikebaki; jèn awan banjoené diilèkaké menjang sawah, metoe ing soesoekan.

A. 1. Jèn arep ngoenggahaké banjoe kali menjang pesawahan ikoe koedoe ndoedoek apa? 2. La ing kali koedoe diwènèhi apa? 3. Bendoengan jasané Kangdjeng Goepermèn ikoe, sing digawé apa? 4. Tandoeran sing