56
Teloe pisan lemahé enḍèk. Sawétané goenoeng Keloet ana tanahé mengger, aran tanah Malang. Ikoe ija eloh sarta akèh wongé. Pametoené: tembako lan kopi.
Ing saantarané Malang karo Kediri ana negara, arané Blitar. Ing saantarané Madijoen karo Soerabaja: Djombang lan Madjakerta.
A. 1. Arané negara sing kosinaoe saiki wis woewoeh enem. Tjoba aranana woewoehé ikoe. 2. Goenoeng woewoeh teloe: L.... W...., K.... 3. Tanah endèk teloe ikoe maoe sidji-sidjiné diapit-apit ing goenoeng endi? 4. Solo ikoe sanḍing kali endi? La Madijoen, Kediri, sanding kali endi? 5. Apa pametoené tanah teloe maoe? 6. Tanah Malang ikoe pametoené apa? 7. Keprijé lakoené wong leloengan saka ing Bandoeng menjang Soerabaja?
B. 1. Dalan sepoer ing tanah Djawa sing batjoetan ikoe menjang Soerabaja, ngliwati Ngajodja lan Solo. Koeta Madijoen apa ija kaliwatan ing dalan sepoer ikoe maoe? La Kediri keprijé? 2. Malang ikoe ana ing sa....é Soerabaja. 3. Kali Solo ikoe pada-pada kali ing tanah Djawa dawa déwé; dawané 540 KM. Saoepama ana wong mlakoe saka ing toeké menjang moewarané, bisané tekan pirang dina, jèn lakoené sedina oleh 45 KM.? Tanah enḍèk teloe maoe ing sisih elor karo ing kidoel, doewoer endi? 5. Blitar ikoe ana ing paresiḍènan ngendi? La Malang? 6. Paresidenan Sarakarta ikoe watesé ana segarané apa ora? 7. Tjoba golèkana ing gambar, paresidènan endi sing ora tepoeng wates karo segara.