55
5. Ngaranana barang-barang sing ditekakaké saka ing tanah sabrang. 6. Djoeragan sing gedé-gedé ikoe sing akèh wong....déné soedagar sing tjilik-tjilik wong . . . .
B. 1. Mori sing saka tanah sabrang ikoe anané ing kéné dianggo apa? 2. Dloewang ikoe dianggo apa? 3. Sapa sing preloe nganggo piranti sing geḍé-gedé saka tanah sabrang? 4. Kowé apa weroeh: rèk ikoe kang akèh saka ngendi? 5. Sroetoe sing saka tanah sabrang ikoe maoe-maoené wis taoe weroeh ing tanah Indija kéné; nalika samana isih dadi . . . . ; dikirimaké menjang.... ing negara Landa; ana ing kana digawé...., bandjoer.....
Tanah Djawa sing amba ikoe, ing sisih kidoel awoedjoed lemah ngaré teloeng enggon; dapoeré lan ambané mèh pada.
Sawidji-widjining palemahan maoe diapit-apit ing goenoeng loro. Tanah Solo ikoe diapit-apit ing goenoeng Merapi lan goenoeng Lawoe. Tanah Madijoen ana ing saantarané goenoeng Lawoe lan goenoeng Wilis. Déné tanah Kediri diapit-apit ing goenoeng Wilis lan goenoeng Keloet.
Tanah teloe maoe, sidji-sidjiné ing tengah-tengahé ana negarané gedé.
Tanah maoe teloe pisan pada katradjang ing kali sing mili mengalor.
Tanah teloe maoe pada eloh kabèh.
Pametoené pada: pari, goela, tembako.