Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

54

gedé pada nekakaké barang-barang akèh saka ing tanah sabrang, bandjoer dikirimaké menjang endi-endi ing sadjagad iki. Jèn negara, akèh djoeragané gedé-gedé, diarani negara pedagangan. Negara sing mengkono ikoe, jèn ing tanah Indija, sing gedé déwé: Soerabaja. Ing kono akèh djoeragané sing geḍé-gedé; kantoré sing dianggo nglakokaké dagang maoe ija gedé-gedé toer akèh. Djoeragan sing gedé ikoe, sing akèh, wong Éropa.

Negara pedagangan lijané: Betawi lan Semarang.

Mestiné kowé wis weroeh dagangan roepa-roepa, sing dikirimaké ing para djoeragan menjang tanah sabrang; kajata: tèh, tembako, goela, lenga patralijoen, bènzine, lenga gemoek. Kedjaba ikoe: koprah, lenga krambil, karèt, kopi, glepoeng kaspé, katjang tjina lan lija-lijané.

Déné sing ditekakaké saka tanah sabrang: mori roepa-roepa, léna, bolah, piranti roepa-roepa, motor, sepéda, rèk, dloewang, djam roepa-roepa, sroetoe, saboen, lan lija-lijané manèh, isih akèh. (Tjoba ngaranana lijané manèh saweroehmoe.)

A. 1. Soerabaja, Semarang, Betawi, ikoe généja kok aran negara pedagangan? 2. Ing tanah Djawa negara pedagangan sing gedé déwé endi? 3. Dagangan tanah Djawa sing dikirimaké menjang tanah sabrang, apa? 4. Kina sarta tèh ikoe saka ing P....; goela. saka tanah-tanah oeroet. . . . sarta saka ing sakiwa tengené kali S....; apa manèh saka paresidenan Ng.... tembako saka K.... lan Ng....; lenga patralijoen, benzine, lenga gemoek saka pabrik ing ....