53
manèh olèhé ngoenggahaké saka sadjroning lemah ija angèl banget; sabab panggonané loemrahé djero banget.
Lenga sing lagi diwetokaké saka sadjroning lemah, doeroeng kena dianggo. Koedoe diresiki disik ana ing pabrik. Ing Tjepoe akèh pabriké gedé-gedé. Lenga patralijoen ikoe ana ing kono diolah; ana sing dadi benzine, oetawa gasoline; ana sing dadi lenga patralijoen loemrah, ana sing dadi gemoek kanggo nglengani piranti-piranti ing pabrik; ana sing digawé lilin, ana sing dadi malam gas kanggo mbatik; sarta isih ana manèh.
A. 1. Lenga patralijoen sing isih reged ikoe jèn diolah, bisa dadi apa? Aranana saweroehmoe? Apa kanggoné sawidji-widjiné ikoe? 2. Sing akèh pabriké patralijoen sing geḍé-gedé ing ngendi? 3. Généja olèhé ngedegaké pabrik kok ana ing kono? 4. Généja lenga patralijoen sing ana sadjroning lemah ikoe kok angèl golèk-golèkané?
Sing aran soedagar ikoe wong sing gawéné gramèn. Wong gramèn ikoe tetoekoe barang sing pantjèn arep diedol manèh. Jèn bisaa mana, ja énggala pajoe, toer ndjaloek bati sing akèh. Wong gegramèn oetawa dol tinoekoe ikoe ana ing pasar oetawa ing toko-toko. Jèn mengkono ikoe arané moeng gramèn tjilik-tjilikan. Sing nglakokaké: wong Djawa, Tjina, wong Arab, wong Keling, wong Djepang. Djoeragan sing gedé-