Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

51

Kangdjeng Goepermèn ḍawoeh ndjaga, soepaja adja akèh-akèh kajoe sing ditjolongi oewong. Kajoe djati ikoe larang banget, sabab apik banget jèn dianggo baloengan omah, digawé bekakas omah, tjikar, praoe lan sapanoenggalané. Atosé ora sepiraa, nanging rajap ora dojan.

Koloniaal Instituut

Wit djati.

A. 1. Kajoe djati ikoe dianggo apa? 2. Kangdjeng Goepermèn ngetokaké doewit kanggo ndjaga alas djati, kajata kanggo mbajar. . . . lan....; ananging ija oleh bați, sabab . . . 3. Wit djati jèn wis toewa, ..é lan....é ngoengkoeli wit krambil. 4. Wit djati