Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

50

amba endi? 3. Kali Brantas ikoe wiwitané mili me...., bandjoer me...., ...., noeli me....; wasana me.... 4. Kali ikoe sing akèh saka ing g.... menjang s.... 5. Banjoe sing moedoen saka ing goenoeng ikoe iliné keprijé? 6. Kali Serajoe ikoe jèn isih ana ing Wanasaba, karo jèn wis tekan ing Banjoemas, iliné alon endi? 7. Jèn ana blabag ditjemploengaké ana ing kali Solo sanding koeta Solo, kèliné mengalor apa. mengidoel? 8. Jèn wong adoes ana ing kali, généja kok tjangkemé apik jèn diingkemaké sing rapet? Apa ta preloené?

22. Wit djati.

Wit djati ikoe roepané ora apik, nanging maédahi banget. Jèn wis toewa temenan doewoeré bisa ngoeng- koeli wit krambil. Gedéné ija ngoengkoeli. Akèh sing nganti oemoer 100 taoen; terkadang loewih. Jèn ketiga, godongé pada gogrog nganti brindil. Jèn rendeng metoe manèh goḍongé, idjo-idjo.

Ing ngarep kowé wis takkandani jèn ing paresidènan Rembang akèh wité djati. Mengkono oega ing paresidènan Madijoen ing sisih lor, ija akèh alasé djati gedé-gedé. Ikoe kagoengané Kangdjèng Goepermèn, doedoe doewèké sapa-sapa. Ing sadjroning alas ikoe oetawa ing sandingé, ana omahé prijaji Landa; pangkaté, jèn tjara Landa, aran houtvester lan opziener alas (sinder alas oetawa sinder djati). Ikoe kang mranata panegoré wit djati sing wis toewa-toewa; bandjoer akon nandoeri manèh sing isih tjilik-tjilik.