Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

49

banget. Karo manèh ana kali sawatara sing digawèkaké tanggoel oetawa tangkis. Saka pinggiring kali dohé watara ana 10 mèter; dadi ora ana ing pinggir kali bener. Tanggoel maoe preloené dianggo ngalangalangi loebèring kali menjang pedésan.

Sawah lan kebon teboe apa déné tegal tembako ikoe pada ndjaloek banjoe akèh. Banjoe maoe olèhé ngilèkaké, saka ing kali. Rékané enggoné ngilèkaké bakal dakkanḍakaké ing boeri.

Kedjaba ikoe, kali ikoe dianggo oembah-oembah lan dianggo adoes. Malah wong Djawa lan wong Tjina akèh sing ngombé banjoe kali. Pantjèné mono ora apik wong ngombé banjoe kali ikoe; apa manèh jèn mbeneri ana ambah-ambahan lelara sing gampang noelaré.

A. 1. Kali ikoe maédahi banget, sabab banjoené diilèkaké menjang . . . .; karo manèh sok dianggo .. lan di .... Nanging terkadang-kadang sok mbilaèni, sabab sok .. pedésan. 2. Kali bandjir ikoe gawé kapitoenan sing keprijé? 3. Moerih kali adja nganti bandjir, dikapakaké? 4. Sing aran soember oetawa toek ikoe apa? 5. Kali ikoe sing akèh, kenané dianggo adoes kepénak, jèn mbeneri mangsa apa? 6. Banjoe ikoe iliné wis mesți saka ing . . . . menjang.... 7. Kali endi sing kowé wis weroeh djenengé? 8. Banjoe kali sing ora digodog ikoe généja kok ora betjik jèn diombé?

B. 1. Jèn ana kalèn iliné saka elor mengidoel, dasaring kalèn doewoer endi? 2. Kali ikoe jèn isih

tjedak karo toeké, karo jèn wis mèh woetah ing segara,

V. RELJEN karo V. DICE, Ngelmoe Boemi.

4