Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

48

Apa manèh jèn lemah ing sakiwa tengené kali maoe endèk, kajata tanah sing sanding Koedoes. Jèn ana bandjir, akèh wong sing kapitoenan. Akèh barang- barang sing kèli; wit-witan, bekakas omah, akèh sing laroet. Malah omah ija sok ana sing dadal. Radja-

Kali Soerabaja.

kaja lan kéwan ingon-ingon lijané akèh sing mati kelem. Malah oewong ija sok ana sing kèli. Sawah lan pategalan pada koeroegan endoet lan watoe; dadi tandoeran pada mati.

Kangdjeng Goepermèn wis jasa soesoekan sawatara; preloe kanggo njoeḍèt kali, soepaja adja bandjir banget-