Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
BEBOEKA.

Anggèn koela ngarang serat ngèlmoe boemi poenika warni-warni ingkang koela angkah, moerih paédahipoen ngoengkoeli serat ngèlmoe boemi ingkang sampoen- sampoen.

Sepisan nama-nama, koela damel namoeng sakedik.

Kaping kalih: sageda moerid-moerid mantjep kawroehipoen dateng ḍapoer oetawi wangoening gambar ing kar oetawi atlas.

Kaping tiga: koela oedi moerih tanah Djawi, wontenipoen ing angen-angen, tansah dadosa satoenggal wetah, boten pating tjroewil dados paresiḍènan pinten- pinten.

Kaping sekawan: koela oedi moerih laré-laré poeroena mrasoedi pijambak.

Kaping gangsal: koela oedi, moerih ngèlmoe boemi sageda ganḍèng kalijan bab tetanèn.

Poenapa preloenipoen, kok nama-nama koela damel namoeng sakedik.

Mekaten: Bab nama-nama poenika, sanadjan wontenipoen ing pamoelangan anggènipoen ngapalaken dipoenpempenga kados poenapa, jèn sampoen medal saking pamoelangan, sakeḍap kémawon sampoen mèh kesoepèn sedaja. Mekaten poenika sampoen mratah.