Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

47

B. 1. Ing tanah pedjatèn lan lenga maoe ing tembing koelon, negarané sing gedé déwé endi? La ing tembing wétan, endi? 2. Goenoeng Moerija ikoe ana ing saloré bener koeta. . . . 3. Saka Semarang tekan Soerabaja ikoe pira dohé? 4. Mesin miber sing sadjam-djamé olèh 150 KM., saka Semarang menjang Soerabaja bisa tekan pirang djam. 5. Kali Solo lan kali Brantas ikoe woetahé ing segara ana ing paresidènan endi? 6. Sakoeloné goenoeng Moerija ikoe ana panggonan tjilik; ngendi ikoe? 7. Trèm sing saka Semarang menjang Tjepoe metoe Rembang ikoe ngliwati endi? 8. Saka Semarang menjang Tjepoe ikoe ana dalané sédjé sing bisa gelis tekan; dalané ngliwati G.... 9. Negara ing paresiḍènan Rembang, sing sanding kali Solo, ikoe negara endi? 10. Goenoeng Soembing ikoe ana ing sa....é goenoeng Moerija.

21. Kali-kali.

Akèh panggonan sing lemahé metoe banjoené; apa manèh ing tanah pegoenoengan. Sing mengkono ikoe djenengé soember. Soember ikoe senadjan ora ana oedan nganti pirang-pirang sasi, akèh sing ora asat; isih metoe baé banjoené. Banjoe maoe mili menjang lebak; wiwitané dadi kali tjilik banget. Jèn wis tempoer karo kali-kali tjilik lijané, bandjoer dadi kali temenan. Apa manèh banjoe oedan, ija marakaké gedéné kali.

Jèn mangsa ketiga, kali-kali pada tjilik. Jèn rendeng banjoené malah mbloedag, marakaké bandjir.