46
Sawétané garis kentjeng sing saka Semarang menjang Ngajodja, poelo Djawa ikoe tanahé mengétan amba manèh. Sing arep taktjritakaké disik sing sisih elor. Ing kono ikoe prasasat keḍatoné oetawa kedoengé wit djati lan lenga patralijoen. Sing elor, tapel watesé: segara Djawa; sing kidoel, goenoeng Kendeng. Goenoeng Kendeng ikoe goenoeng bebandjengan saka Merbaboe tekan Soerabaja.
Ing ngisor iki sinaoenen karo ndelenga gambaré:
Negara lan panggonan woloe: Demak, Koedoes, Djepara, Rembang, Tjepoe, Goenḍih, Toeban, Gresik.
Goenoeng sidji: goenoeng Moerija.
Kali Solo lan Brantas, kowé bijèn wis weroeh.
Negara Demak, Toeban, Djepara, Gresik, ikoe gedé dèk bijèn karo saiki.
Ing saeloré goenoeng Kendeng ikoe ana alasé djati gedé banget; sing akèh ana ing paresiḍènan Rembang. Sanding Tjepoe ana soemberé lenga patralijoen. Enggoné ngetokaké lenga maoe nganggo diḍoedoek djero banget.
Ing tanah pedjatèn maoe ora pati akèh wongé.
A. 1. Ing paresiḍènan Rembang ikoe akèh wité apa? 2. Ing sadjroning lemah kono akèh lengané apa? 3. Tanah pedjatèn lan lenga maoe watesé sing kidoel apa? 4. Negarané sing ana ing pesisir Sem..., Dj..., R., T..., Soer... 5. Sing adoh karo pesisir: D., K., G...., Tj....