45
sidènan Semarang: S.... karo S.... 18. Negara-negara maoe endi sing hawané aḍem kepénak? 19. Djenengé negara loro sing gedé ing pesisir lor: 20. Negara endi sing tjedak karo pesisiré segara Indi? 21. Ing tanah Prijangan, negarané sing gedé déwé endi? 22. Negara loro endi sing gedé ing tanah Djawa, sing doeroeng takremboeg (Kaseboet ing woelangan angka 2)? 23. Keprijé lakoené wong leloengan saka Tjiandjoer menjang Sérang; saka Bandoeng menjang Tegal; saka Ngajodja menjang Tjirebon; saka Poerwakarta menjang Ngajodja? 24. Lentéra laoet ikoe apa preloené? 25. Negara. endi sing plaboehané ing djero (tjeḍak gisik) gedé? 26. Negara endi sing plaboehané tjilik? 27. Negara endi sing dienggoni prijaji Landa sing gedé-gedé banget ing tanah Indija? 28. Kawah ikoe apa? 29. Awoe sing metoe saka ing goenoeng ikoe, apa satemené?
B. 1. Jen wong leloengan saka Semarang ikoe bisa rong roepa lakoené; sepisan metoe ing noenggang...; ping pindo metoe ing.... noenggang. noenggang.... 2. Jèn wong noenggang sepoer saka Tjirebon menjang Bandoeng, terkadang sok salin kréta ana ing ngendi? 3. Jèn wong noenggang sepoer saka Ngajodja arep menjang Tjirebon, bisa metoe ing oetawa ing 4. Goenoeng sing ana ing sakidoelé koeta Soerabaja ikoe goenoeng endi? 5. La sing ana sakidoelé Bandoeng, Sérang, Tegal, Semarang? 6. Endi, paresidènan sing gedé déwé; endi sing tjilik déwé? 7. Kali Solo ikoe ngliwati paresiḍènan endi? 8. Paresidènan endi sing wis taktjritakaké?