Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

44

19. Mbalèni woelangan.

A. 1. Ing tanah Indija kéné pabrik kenini ana pira? 2. Panggonané ana ngendi? 3. Sing akèh tandoeran kina ikoe ngendi? 4. Apa manèh sing ditandoer ana ing tanah pegoenoengan? 5. Ing tanah mengger ing Prijangan, tandoeran apa sing akèh? 6. Ing ngendi manèh, ing tanah Djawa sing akèh sawahé? 7. Ing saantarané Tjirebon karo Semarang akèh pabriké apa? 8. Ing Kedoe sarta ing Ngajodja, akèh wong gawé apa? 9. Apa tandoerané sing akèh ing tanah ing sakiwa tengené kali Serajoe? 10. Ing pèrèngé goenoeng kang metoe geniné ikoe, généja lemahé kok eloh? 11. Kawah ikoe sok didjoepoeki apané? 12. Ing tanah Djawa sing tjijoet ikoe, tanahé sing doewoer, ing ngendi sing eloh? 13. Ngendi sing akèh tandoerané tembako? 14. Tandoeran tembako ikoe sing diepèk ....é; pari sing diepèk....é; teboe....é; kina.... é; tèh....é; tom....é. 15. Kowé wis weroeh djenengé kali 5; sing teloe moearané ana ing segara Djawa; djenengé....; sing loro ing segara Indi; djenengé. .... 16. Mara seboetna arané goenoeng-goenoeng ing tanah Djawa-Koelon; sarta ing tanah Djawa kang tjijoet. 17. Akèh djenengé negara sarta panggonan sing wis koweroehi. Ing paresidènan Banten: S....; ing paresidènan Betawi B..., M.... C... B...., Tj...., P....; ing paresidènan Prijangan: B.... Tj...., S...., Tj... G., T....; ing paresiḍènan Pekalongan: P.... karo T....; ing paresidènan Banjoemas: B...... K..., T., B....; ing Kedoe: M...., W..., K.... P....; ing paresidènan Ngajodja: Ng....; ing pare