43
disoga. Tjorèk tipaking malam sing disik, bandjoer katon abang roepané. Noeli dilorod, dadi djarit.
Sing dienggo medel ikoe nila; sing digawé nila ikoe godong tom. Tandoeran tom ikoe doewoeré wetara moeng pada karo tembako oetawa tèh baé. Kembangé tjilik-tjilik; roepané abang oetawa abang semoe woengoe. Saiki ing kéné didjogi nila akèh saka ing tanah sabrang. Soga lan tegeran lan lija-lijané ija mengkono, nganti pirang-pirang praoe kèhé.
Déné malam ikoe akèh sing bakalé endeg-endeging lenga patralijoen kang isih dimasak. Malam maoe aran malam gas. Jèn malam sing apik, sing digawé tala tawon. Djenengé malam tawon oetawa malam Koetei oetawa malam Timoer.
A. 1. Jen wong arep mbatik, koedoe ana m.... é, tj..., m.... sarta geni. 2. Geniné ikoe dienggo apa? 3. Tjanțingé dienggo apa? 4. Malam ikoe sing digawé apa? 5. Mori ikoe pinangkané saka ngendi? 6. Wedelan ikoe sing digawé apa? 7. Soga, tegeran, sapanoenggalané ikoe sing akèh saka ngendi? 8. Bațikan ikoe sing kena ing wedelan oetawa soga sing endi oetawa sing keprijé? 9. Ing ngendi sing akèh wongé mbatik? 10. Batikan ikoe jèn wis rampoeng olèhé medel oetawa njoga, généja kok dikebjok ing wédang oemob, oetawa dilorod?