Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

42

Déné sing dibațik ikoe mori. Olèhé nekakaké saka ing tanah sabrang adoh banget, nganti pirang-pirang éwoe peți kèhé.

Sing dianggo mbatik ikoe tjanțing lan malam. Malamé diedjèr disik nganggo geni. Jèn wis lèlèh kimpleng-kimpleng kaja banjoe, ditjiḍoek nganggo

Wong mbatik.

tjanting, ditjorèkaké ing mori. Jèn wis rampoeng olèhén gèngrèng, neroesi sarta némbok, bandjoer diwedel. Endi-endi sing ora ketoetoepan ing malam, bandjoer dadi ireng. Moerih gampangé, batik wedelan ikoe bandjoer dikebjok, ditjeloebaké ing wédang kang oemob molak-malik. Bandjoer dadi djarit kelengan. Tipaking wedelan bandjoer ditémbok; djenengé dibironi. Noeli