41
Semarang; noeli diemot praoe, digawa menjang tanah Éropa.
Oedoed ikoe ora betjik menjang awak.
A. 1. Tandoeran tembako ikoe sing kanggo temenan apané? 2. Tembako ikoe wité gedé apa tjilik?
3. Godongé dienggo apa? 4. Ngendi sing ana pabriké
sroetoe? 5. Ing paresidènan Ngajogja akèh los apa?
6. Tembako Kedoe ikoe parané menjang endi? 7. Tembako Ngajogja menjang endi?
B. 1. Tandoeran sing wis takremboeng: pari, teboe, tèh, kina, tembako. Ikoe sing aran pangan moeng rong roepa; lan.... Déné sing rong roepa moeng kanggo énak-énakan waé; jaikoe: lan.... Sing saroepa kanggo tamba; djenengé .... 2. Tandoeran limang roepa ikoe endi sing wité bisa gedé temenan? 3. Endi sing bisané oerip apik moeng jèn ana ing tanah pegoenoengan waé? 4. Ana tanah-tanah oetawa negara sing wongé ora kena adol sroetoe oetawa sigarèt menjang botjah-botjah. Ikoe apa sababé? 5. Généja tembako ikoe kok kleboe aran palawidja?
Jèn wong moebeng-moebeng ana sadjroning koeţa Ngajogjakarta, kerep weroeh wong wadon pada mbatik; ana sing ana ing latar, ana sing ana ing èmpèr oetawa ing sadjroning omah. Pantjèn djarit weton Ngajodja misoewoer banget. Weton Pekalongan ija mengkono.