Kaca iki wis dikorèksi
40
Tembako Kedoe ikoe soemebar satanah Djawa; sing akèh dianggo oedoed (oetawa digawé rokok).
Jèn ing pabrik ing Magelang, Semarang, Salatiga lan lija-lijané, ana sing digawé sroetoe, ana sing digawé sigarèt.
| Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Koloniaal Instituut.
Tandoeran tembako.
Ing paresiḍènan Ngajogja akèh kaboedidajan oetawa presil sing nandoer tembako. Goḍongé tembako digaringaké ana ing sadjroning los geḍé-gedé. Jèn wis garing, bandjoer diwaḍahi ing karoeng goni nganggo diplèpèd moerih ringkesé. Olèhé mengkonokaké ikoe ana ing goedang. Mèh kabèh dikirimaké menjang