39
ing ngendi? 18. Krambil ikoe digawé apa? 19. Endi sing akèh tandoerané tembako?
B. 1. Saka Tjilatjap menjang Tegal ikoe pira dohé? 2. Ing tanah Djawa-Koelon saka pesisir lor menjang pesisir kidoel, sing adoh déwé, pira dohé? 3. Negara sing sanding moewarané kali Serajoe, apa djenengé ? 4. Trèm sing sanding kali Serajoe ikoe, sing diemot apa, sing akèh? 5. Koeta Ngajogja ikoe saapané Semarang? 6. Tegal ikoe saapané Tjilatjap? 7. Anjar iki ana wong teloe ana ing Kroja pada goeneman. Arep pada leloengan noenggang sepoer; nanging déwé-déwé parané. Sing sidji menjang. ..; sidjiné menjang....; sidjiné manèh menjang. 8. Jèn wong noenggang sepoer saka Ngajogja menjang Tjilatjap, olèhé moedoen ana ing ngendi? 9. Keprijé lakoené wong noenggang sepoer saka Sérang menjang Semarang? 10. Kali Tji Tandoej ikoe ana ing tapel watesé paresidènan. karo... 11. Poelo sing sanding Tjilatjap, djenengé poelo endi?
Jèn mangsa ketiga, ing tanah Kedoe sarta Ngajogjakarta akèh tandoeran tembako. Jèn ing tanah Kedoe, wong Djawa olèhé nandoer tembako ana ing palemahané déwé. Jèn goḍongé wis amba-amba sarta wis toewa, bandjoer dioendoehi, digawa moelih. Ana ing omah dioepakara déwé. Jèn wis watara 6 minggoe roepané tembako wis abang semoe ireng, bandjoer diedol marang para soedagar Tjina.