38
saka ing goenoeng. Ing Magelang lan ing Wanasaba hawané aḍem kepénak. Ing tanah Kedoe ikoe akèh tandoerané tembako.
Ing Kedoe sisih kidoel, oeroet pesisir, wongé akèh sing doewé kebon krambil amba-amba. Krambilé digawé koprah oetawa lenga. Ing Ngajogja, sing akèh tandoerané tembako, ing tanah-tanah sing ana awoené saka ing goenoeng Merapi.
A. 1. Paresidènan sing ana ing tanah Djawa sing tjijoet ikoe, paresidènan endi? 2. Negara iki ana ing paresidènan ngendi: Ngajogja, Magelang, Banjoemas, Tjilatjap, Tegal, Pekalongan? 3. Keprijé lakoené wong leloengan saka ing Ngajogja menjang Betawi metoe Tjirebon? 4. Baliné metoe ing Bogor. 5. Tanah Djawa sing tjijoet, sing sisih elor ikoe, apa pamatoené? 6. Apa pametoené tanah Kedoe? 7. Tanah-tanah sakiwa tengené kali Serajoe, apa pametoené? 8. Goenoeng- goenoeng sing wis koweroehi djenengé, seboetna sing oeroet, saka koelon mengétan; mengkéné: goenoeng K...., G...., T.. P...., M..., G...., Tj...., Sl...., D...., S....; S...., M...., M..... 9. Tanah Djawa sing tjijoet ikoe printjinen dadi teloe. 10. Aranana djenengé kali-kali sing wis kosinaoe. 11. Negara sing ana ing tanah Djawa sing tjijoet ikoe, endi sing hawané aḍem kepénak? 12. La ing Prijangan, endi? 13. Keprijé hawané: Betawi, Tegal, Tjirebon, Semarang, Pekalongan? 14. Aranana tanah mengger sing wis koweroehi djenengé. 15. Tanah mengger Prijangan ikoe, apa pametoené? 16. Sing akèh tandoerané teboe ing tanah ngendi? 17. La sing akèh keboné krambil