37
apa wité, apa ojodé? 8. Pengoesoengé goela menjang pesisir ikoe diemot apa? 9. Goela maoe apa ija bandjoer ana ing tanah pesisir kono baé?
B. 1. Pari ikoe apané sing mèh ora ana adjiné babar pisan? La jèn teboe apané? 2. Poetjoekané teboe sing roepané idjo kaé, sarta godongé, sapa sing dojan mangan? 3. Jèn lori dianggo momot barang, apa bisa mlakoe déwé; bisané mlakoe keprijé? 4. La tjikar, apa sing nggèrèd? 5. Wong Djawa ikoe, jèn olah-olah oetawa ngombé wédang sapanoenggalané, goelané, sing loemrah goela apa?
Sakidoelé tanah sing akèh tandoerané teboe ikoe maoe, tanahé tanah pagoenoengan; déné sakidoelé tanah pagoenoengan ikoe, tanah ngaré manèh.
Iki sinaoenen, ndelenga gambaré ing kar:
Negara sepoeloeh: Ngajagjakarta, Magelang, Sala- tiga, Wanasaba, Banjoemas, Tjilatjap, Keboemèn, Poerworedja, Kroja, Poerwakerta.
Kali loro: Tji Tandoej, Serajoe.
Goenoeng sawetara: (Slamet, Praoe, Soembing, Oengaran), Sindara, Merbaboe, Merapi. Ing tanah Djawa sing tjijoet ikoe maoe ana tanahé sing mengger, kinoebeng ing goenoeng sawetara kèhé. Mara aranana djenengé. Tanah maoe arané tanah Kedoe. Ing kono palemahané loh banget, akèh awoené