36
maoe moeng jèn awan baé, nanging dikèhi banget, soepaja adja nganti koerang digiling rina wengi. Wongé sing njamboet gawé ana ing pabrik ikoe ana sing moeng jèn bengi baé, sarta ana sing moeng jèn rina waé. Dadi rina wengi pabrik ikoe ora lèrèn-lèrèn. Teloe patang sasi baé wis rampoeng kabèh penggilingé teboe-teboe maoe.
Teboe ikoe ana ing pabrik, banjoené prasasat diepoeh. Doedoehé digawé goela. Pirantiné ing pabrik ikoe akèh banget. Wongé sing njamboet gawé ija akèh.
Goelané bandjoer diemot sepoer oetawa trèm, digawa menjang Semarang, Pekalongan, Tegal, Tjirebon. Ana ing kono dioenggahaké menjang praoe, digawa menjang negara sing adoh-adoh. Sing kanggo ana ing tanah Indija kéné ora sepiraa kèhé.
Sing manggeḍèni pabrik goela ikoe Landa. Ana bebaoené Landa sawetara, kang noenggoni wong-wong sing pada njamboet gawé sarta sing ndjaga lakoening piranti-piranti ing pabrik. Kabèh pada manggon ana ing koekoebané pabrik. Sanding pabrik maoe ana pekampoengan sawatara; sing manggon ing kono wong Djawa, sing pantjèn pada njamboet gawé ana ing sadjroning pabrik kono.
A. 1. Bebaoe Landa ing pabrik ikoe penggawéjané apa? 2. Loerahé, sapa? 3. Pabrik ikoe, olèhé njamboet gawé rina wengi, jèn mbeneri apa? 4. Teboe ikoe, olèhé tandja, jèn mangsa apa? 5. Tandoeran teboe. ikoe kenané dirembang, jèn wis oemoer pirang sasi? 6. Pabrik ikoe jèn giling mangsa apa? 7. Teboe ikoe sing digawa menjang pabrik apané: apa poetjoekané,