Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

35

goenoeng sing ana saantarané goenoeng Oengaran karo goenoeng Karang. 10. Tanah ngaré ing sakoeloné Tjirebon ikoe, pametoené sing akèh apa?

B. 1. Praoe kapal sing saka Tjirebon, Tegal, Pekalongan, Semarang ikoe pada amot apa? 2. Saka Tjirebon menjang Semarang ikoe pira dohé? 3. Karo saka Betawi menjang Tjirebon adoh endi? 4. Ana botjah leloengan noenggang sepoer saka Tegal menjang Pekalongan. Jèn ngoengak ing tjenḍéla sing tengen, bisa weroeh goenoeng saka kadohan; djenengé goenoeng Jèn ngoengak tjenḍéla sisihé, bokmenawa sok bisa weroeh.... 5. Tanah sing akèh tandoerané teboe ikoe, jèn toemrapé tanah ngaré sing oeroet tanah Djawa sing sisih.... kabèh, doeroeng sepiraa kèhé.


15. Tandoeran teboe.

Teboe ikoe penandoeré ora disebar kaja pari. Sing ditandoer oewité, diketoki wetara neloeng eros, ana matané oetawa sotjané sawetara. Olèhé wiwit nandoer, jèn mangsa ketiga. Penandoeré ana ing sawah. Sawah maoe doewèké wong tjilik, diséwa marang toewan pabrik. Sidji-sidjiné pabrik, tandoerané teboe nganti 1000 baoe loewih.

Teboe ikoe jèn oemoeré kira-kira setaoen, wis toewa, kena dirembang. Poetjoekané lan godongé dioelapi. Teboené ora dikatoeti lemah oetawa ojod; dibongkoki sèket-sèket koerang loewih; bandjoer diemot lori oetawa tjikar, digawa menjang pabrik. Pengoesoengé teboe