Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

33

metoe geniné, nanging saiki wis . . . ., kawahé kena diambah, ora ana moetawatiré.

B. 1. Généja jèn manggon oetawa omah-omah ana ing pèrènging goenoeng sing metoe geniné ikoe kok akèh moetawatiré? 2. Généja kok meksa ana wong sing manggon ana ing pèrèng maoe? 3. Ing tanah pegoenoengan ikoe sawahé sok ana watoené geḍé-gedé pating djenggeleg. Ikoe saka ngendi pinangkané?

14. Palemahan sing akèh tandoerané teboe.

Tanah Djawa ing sawétané Tjirebon ikoe rada tjijoet. Saiki sing arep dakremboeg disik, tanahé sing sisih lor. Tanah maoe enḍèk. Doenoengé ana ing saantarané Tjirebon karo Semarang. Ing tanah kono akèh tandoerané teboe. Tandoerané pari lan palawidja ija akèh.

Iki éling-élingen:

Djenengé negara teloe: Tegal, Pekalongan, Semarang. Goenoeng teloe: goenoeng Slamet, Praoe, Oengaran.

A. 1. Pametoené tanah-tanah ing saantarané Semarang karo Tjirebon ikoe sing akèh déwé apa? 2. Kedjaba ikoe apa manèh pametoené? 3. Endi manèh ing tanah Djawa sing akèh pametoené pari? 4. Saantarané Semarang karo Tjirebon ikoe ana koeta endi? 5. La goenoengé, goenoeng endi? 6. Tanah sing akèh tandoerané teboe ikoe maoe, watesé sing elor apa?

7. Negara Tegal ikoe ana ing paresiḍènan ngendi?

V. REIJEN karo V. DIJCK, Ngèlmoe Boemi.

3