32
njemboer-njemboer, laharé bandjoer ndlèdèk akèh banget. Apa-apa sing ketradjang roesak ora dadi koekoepan. Oewong sarta kéwan ija sok akèh sing nemoe tiwas.
Ing tanah Djawa kéné pantjèné akèh goenoeng sing metoe geniné, nanging saiki wis akèh sing sirep. Sing isih metoe geniné ija ana, kajata: goenoeng Semèroe lan goenoeng Tangkoeban Praoe.
Goenoeng sing metoe geniné ikoe, ing doewoer, ana lompongané ndjlegodah. Djenengé kawah. Kawah ikoe djeroné, sing loemrah rong atoes, teloeng atoes méter. Tjlangapé ing doewoer koebengé nganti sok lakon djam-djaman. Kawah ikoe sok didjoepoeki walirangé. Jen goenoeng maoe ora mbeneri metoe geniné, ḍasaring kawah ija kena diambah ing wong.
Pèrènging goenoeng kang metoe geniné ikoe prasasat awoe tok-tok baé. Awoe maoe jèn wis lawas, marakaké loh menjang lemah. Kang ikoe, moelané pèrènging goenoeng kang mengkono ikoe, pada-pada palemahan ing tanah Djawa, eloh déwé.
A. 1. Genahna, apa sing aran goenoeng sing metoe geniné? 2. Kawah ikoe apa? 3. Awoe sing maboel-maboel metoe saka ing goenoeng kang metoe geniné ikoe, satemené apa? 4. Jèn ana goenoeng ndjeblos, kerep marakaké bilai gedé. Apa sing marakaké bilai maoe? 5. Pandjeblosing goenoeng ikoe ija ana apiké sawatara. Apa apiké? 6. Goenoeng kang metoe geniné ikoe ana sing isih .. ana sing wis.... 7. Kawah ikoe sok didjoepoeki apané? 8. Njeboetna goenoeng loro sing isih metoe geniné. 9. Goenoeng sing maoené