Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

30

ikoe akèh banget wragadé. Moelané jèn negara oetawa panggonan sing tjilik-tjilik baé, ora diwetoni sepoer; moeng trima motor gedé baé; djenengé otobis (autobus). Motor mengkono ikoe ora bisa mot oewong akèh kaja sepoer.

Sepoer sarta trèm ikoe prasasat njèloeng doewité wong-wong sing pada leloengan; bisa olèh akèh. Apa manèh olèhé ngemot barang, olèh-olehané ngoengkoeli ikoe maoe. Sepoer sing amot barang-barang ikoe ora ngemot oewong.

A. 1. Jèn gawé dalan sepoer ana ing tanah pagoenoengan, kok angèl ikoe, apa sing marakaké? 2. Apa, barang sing diemot ing sepoer saka ing tanah Prijangan? 3. Saka Soerabaja menjang Bandoeng ikoe, jèn njepoer, pirang djam? 4. Sepoer ikoe olèhé doewit saka wong sing pada leloengan, karo saka enggoné amot barang, akèh endi? 5. Terangna sing aran kréta restoerasi. 6. La sepoer barang ikoe apa? 7. Otobis (autobus) ikoe kanggoné ana ing ngendi?

B. 1. Saka Bandoeng tekan ing Tasikmalaja ikoe, kira-kira pada dohé karo saka Betawi menjang Tjikampèk. Ewadéné jèn noenggang sepoer, soewé saka Bandoeng menjang Tasikmalaja. Ikoe apa sababé? 2. Sepoer jèn ngarepaké mleboe menjang trowongan, tjenḍélané bandjoer pada diinebi. Ikoe apa preloené? 3. Ana sepoer mleboe ing trowongan. Ana ing trowongan soewéné 1 menoet. Lakoené sepoer maoe sadjam olèh 30 KM. Dadi pira dawané trowongan maoe? 4. Dalan sepoer sing saka Betawi menjang Tjirebon, généja kok ora ana trowongané?