Kaca iki wis dikorèksi
29
noengan, kajata ing Prijangan, ikoe angèl bangèt. Jen nradjang watoe gedé-gedé, watoe maoe dipetjah, bandjoer disingkiraké. Jèn nradjang djoerang oetawa kali sing djero, digawèkaké kreteg sing sentosa banget. Jèn ana panggonan sing pekéwoeh bangèt, ora kena ditradjang, dalané digawé ménggak-ménggok. Moelané sepoer ikoe, jèn ana ing tanah pegoenoengan, lakoené
| Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Trowongan.
ora bisa rikat kaja jèn ana ing tanah ngaré. Terkadang-kadang dalan sepoer ikoe ora mlipir toeroet goenoeng; goenoengé ditrowong oetawa diboetoel wani baé. Dadi dalan sepoer ndloesoep ana ing sadjroning goenoeng. Dloesoepan ikoe djenengé trowongan (tunnel). Trowongan ikoe ana sing dohé nganti mèh sapal. Ing trowongan ikoe peteng banget.
Penggawéné dalan sepoer ing tanah pagoenoengan