27
njang negara sing adoh-adoh. Sing diedol ana ing tanah Indija kéné moeng setitik.
Wit kina ikoe bisa nganti 15 mèter doewoeré. Sing diepèk babakané oetawa koelité, digawé kenini roepa tablet. Penggawéné ana ing pabrik ing Bandoeng. Jen ing tanah Djawa, pabrik kenini ija moeng sidji ikoe.
Kenini ikoe diedol menjang endi-endi ing saloemahing boemi iki kabèh. Preloené, jèn dianggo tamba lara malaria, moestadjab banget.
A. 1. Tandoeran tèh ikoe, sing diepèk paédahé sing temenan apané. La kina, apané? 2. Ing tanah Djawa ana pabrik kenini pira? Endi enggoné? 3. Pabrik tèh ikoe sapa sing doewé? 4. Kedjaba pabrik sapa manèh sing nandoer tèh. 5. Tèh lan kenini ikoe jèn wis metoe saka ing pabrik, menjang endi parané?
B. 1. Tandoeran tèh karo kina ikoe maédahi endi? 2. Teh karo kina ikoe sing kanggo ana ing tanah Djawa moeng sețițik; sing akèh diedol medjang tanah sabrang. La beras keprijé? 3. Tèh sarta kina ikoe akèh sing digawa menjang negara ing pesisir. Ikoe negara endi? 4. Kowé apa wis taoe ngoental tablèt kenini? 5. Apa ta preloené kațik nganggo dibesta goela barang?