Menyang kontèn

Kaca:Ngèlmoe boemi tanah Djawa.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

26

11. Tandoeran tèh lan kina.

Pèrèngé goenoeng Tangkoeban Praoe, Goentoer, Malabar sarta goenoeng lija-lijané, akèh alasé sing dibabadi, bandjoer digawé kebon tèh oetawa kebon kina. Wit tèh sarta wit kina ikoe, jèn ana ing tanah ngaré ora bisa apik.

Teh.

Wit tèh ikoe doewoer-doewoeré moeng sadada oetawa sagoeloe. Ing tanah Prijangan wongé akèh sing pada nandoer tèh; godong tèh ikoe diedol menjang pabrik tèh. Sing doewé pabrik maoe Landa oetawa Tjina. Godong tèh ikoe, ana ing pabrik, diolah nganggo piranti roepa-roepa. Jèn wis dadi bandjoer diedol me